Cerita Lucu dalam Bahasa Jawa Komputer Dokter

Cerita Lucu dalam Bahasa Jawa Komputer Dokter

Cerita Lucu dalam Bahasa Jawa Komputer Dokter - Sawijining dina Debyo ngeluh sikute lara neng kanca akrab e, sapa maneh yen dudu Walijo. Walijo banjur nyaranke kanggo periksa menyang komputer dokter sing ana neng toko jamu.

Walijo : Komputer dokter kuwi canggih banget, isoh ndiagnosa kabeh lelara, luwih cepet lan luwih murah saka dokter biyasa.  Carane gampang Byo kowe kudu nguyuh ndisik neng botol banjur tok suntek sampel uyuhmu kui neng komputer. Mengko komputer kuwi banjur diagnosa, lan ngenehi saran kanggo kowe kudu nglakoke apa. Biayane murah muk Rp2000- tok...."

Debyo : Wah murah yo jo, neng dokter apese 35 ewu e saiki. Ok lah yen ngunu aku tak mangkat neng toko jamu sik mbok maksud.
cerita-lucu-dalam-bahasa-jawa
Walijo : Sik, sik aku mau kan wis ngomong, koe kudu wadahi banyu uyuhmu ndisik sakdurung rana. Ben ora repot ketuk kana.

Tanpa buang wektu Debyo langsung wae madahi banyu anune neng botol bekas sing ditemu saka njugangan lan nggawa barang kui menyang toko jamu.

Neng komputer sik dimaksud Debyo ngleboke dhuwit Rp. 2.000. banjur nggrujuk sangune neng komputer.

Komputer banjur proses. metokake suwara-suwara aneh lan kedap-kedhep. Ga suwe muncul muni "Biiip...biipp...bip"...

Metu deh dluwang cilik ana ketulis mangkene:
"Debyo cah elek, Lara neng sikutmu amarga kowe kokehan ngangkat gabah. Bilas sikutmu saben bengi nggo banyu anget. Aja angkat bubuh sing abot ndisit yo le, muga-muga ndang mari."

Debyo : Wow banget iki komputer, isoh ngerteni sik lara sikutku. Ampuh pokoke. (Waca Ugo: Cerita Lucu Bahasa Jawa Minum Umbel)

Tekan ngomah, Debyo isih melongo mergo gumun komputer kuwi. Dheweke mikir menawa donya kedokteran lan komputer saiki iki pancen wis edan canggih banget.

Durung nganti mari sikute Dibyo sing dasare bocah kurang sak ons banjur nde pikiran elek
"Hmm.. Isoh gak ya komputer kui diapusi. Ah tak kerjakane wae kui komputer....."

Debyo njupuk botol bekas minyak klentik lan diisi banyu keran. Terus ditambah uyuh kirike, bojone lan anak wadone. Paling akhir Tono tambahake sperma saka pakoleh dheweke masturbasi.

Kanthi mesem cekikikan Debyo bali menyang toko jamu. Dheweke nglebokake dhuwit Rp  2.000 terus nyuntak campuran banyu sampel e menyang komputer..

"Modar koe.." batin Debyo jero ati..

Ora sue, komputer proses kaya saknalika. Metokake suwara-suwara aneh lan kedap-kedhep. terus metu dluwang cilik print-out kaya sik dikarepake kanthi tulisan mangkene:

"Banyu keran omahmu adhem banget, sabecike kowe tuku pamanas banyu. Kirikmu kena cacingan, wenehi vitamin. Anakmu nganggo barang haram narkoba, mlebokake anakmu menyang klinik rehab. Bojomu meteng meneh, bayi kembar lanang. Nanging dudu saka hubungan karo koe, cepet golek pengacara sing apik. Lan yen kowe ora mandheg masturbasi, sikutmu sing lara ora bakal mari le."

Sak nalikane ngerteni diagnosa Komputer Dokter Debyo banjur mbanting komputer kui lan dumadakan struk kejet-kejet neng toko jamu ugo. Cerita Lucu dalam Bahasa Jawa Komputer Dokter.

Share this:

Disqus Comments