Bijak Jawa Pitutur Mbah Kakung

Bijak Jawa Pitutur Mbah Kakung

Bijak Jawa Pitutur Mbah Kakung - Sugeng enjing sedulur sedaya, wong urip iku pancene gampang. Yen angel mestine koe kabeh wis pada milih mati, ya ta? Tapi eneng wae menungsa sing pada sambat sabendina, nggresulo, kaya-kaya urip iki angel.

Yen jare Mbah Kaum kui kabeh wis tinakdir, menungsa pancen nduweni sifat mbat sinambat alias mengeluh kurang nrimo apa sing diduweni lan ora bisa bersyukur.

Salah siji wejangan utawa bijak jawa pitutur Mbah Kakung ning ngisor iki mbok menawa bisa dadi motivasi kanggo ndalani urip.
bijak-jawa-pitutur-mbah-kakung

Urip ing dhonyo minangkane mampir ngombe
Kudhu nrimo, kudhu sabar, kudhu momong karo awake dhewe ugo wong liyo
Sifat adhigang, adhigung, adhiguno ora bakal menangke lakon.

Ojo dhumeh dadi wong bisa,
Ojo dhumeh dadi wong sugih,
Ojo dhumeh dadi wong kanggo,
Kui kabeh namung pacobaning urip.

Balung biso ajur, bondho biso sirno
Wong bagos ora saklawase, wong ayu ora saksuene
Ora ono sing langgeng liyane ALLAh Ta'ala.

Sing jujur ojo ngapusi, sing pinter ojo keblinger,
Yen kroso loro di jiwet, ojo njiwet wong liyo,
Mulo monggo sing phodo eling dhadi menungso
.
Bijak jawa pitutur Mbah Kakung neng nduwur kui mau sak ora-orane isoh kanggo pangeling-eling awake dewe yen urip neng ndonyo pancen kudu sabar.

Share this:

Disqus Comments