Cerita Lucu Bahasa Jawa Ban Angkot Meletus

Cerita Lucu Bahasa Jawa Ban Angkot Meletus

Cerita lucu bahasa jawa ban angkot meletus neng ngisor iki nyitake kisah 4 mahasiswa yaiki Debyo, Walijo, Slamet, lan Bejo sing telat melu ujian semester amarga tangi kawanan. Kaya apa critane monggo simak sesarengan.

Sadar deweke pada telat tekan kampus, Debyo, Walijo, Slamet, lan Bejo banjur nyusun strategi kanggo wenehi alasan sing padha ben Pak Dosen wenehi keringanan kanggo ujian susulan.

Bejo : Pak, ngapunten tenan pak, kula lan kanca-kanca telat tumut ujian semesteran.

Walijo : Enggih Pak, kula cah sekawan (4) numpak angkot sing padha lan ban angkote njebluk.
cerita-lucu-bahasa-jawa-ban-angkot-meletus

Debyo : Enggih pak, kula mesake ro supire. Dadine ngewangi dheweke pasang ban anyar.

Slamet : Kula ran kanca-kanca nyuwun keringanan kagem nderek ujian susulan Pak.

Pak Dosen mikir sadhela lan akhire ngolehake dekne kabeh melu ujian susulan neng ganti dina. Isuke ujian susulan dianakne, nanging kapapat mahasiswa dijaluk ngerjakne ujian ana 4 ruangan sing beda. “Ah, bokmenawa ben ora isoh nyontek,” pikir para mahasiswa.

Jebulna soal ujiane mung ana 2 (loro) Kanthi ketentuan dekne kabeh lagi oleh ndelok lan ngerjakne soal kapindho sakwise buyar ngerjakne soal nomor siji sing ditulis ana kertas beda.

Soal pisan gampang banget kanthi bobot biji 10. Kapapat mahasiswa ngerjakne karo ngguya-ngguyu mergo rumongso bisa.

Genten maca soal kapindho kanthi bobot biji 90. Kringet dingin anyak metu saka para mahasiswa kui. Neng soal kapindho ketulis mangkene.
“wingi, ban angkot sisih ngendi sing njebluk?”

Ra cukup semunu, ning ngisore ugo ana 4 pilihan jawaban sing bedho kanggo di pilih.
A. Ngarep sisih kiwo.
B. Ngarep sisih tengen.
C. Mburi sisih kiwo.
D. Mburi sisih tengen.

Meuhehe ternyata soal ujian sing nduwe bobot biji 90 iki pancene nggo nguju kejujurane para mahasiswa. Amergo ora sinau babakan ban njebluk Bejo, Debyo, Slamet, lan Walijo nduweni pilihan bedha kabeh siji lan sijine.

Saka jawaban kui Pak Dosen mangerteni yen alesan sing digawe 4 mahasiswa kui pancene alibi alias ndobos alias ngapusi lan mahasiswa kui diganjar ngulang mata kuliah neng semester ngarepe. Cerita lucu bahasa jawa ban angkot meletus.

Share this:

Disqus Comments